Mumpung Padang Rembulane


السلام عليكم ورحمة اّلله وبركاته

الحمد الحمد الذى وفق عباده المؤمنين لاداء الاعمال الصالحات. أشهد أن لا اله الا الله وحده لا شريك له شهادة أرجو بها رفيع الدرجات. وأشهد أن سيدنا محمدا عبده ورسوله صاحب المعجزات. اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله واصحابه اولى الفضائل والكرامات .اما بعد, فيا ايها المسلمون اتقوا الله بامتثال المأمورات واجتناب المنهيات. فقال الله تعالى في كتابه الكريم، يا أيها الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاتهه ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون

Para sederek kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita tansah nambahi ajrih lan taqwa kita dateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, kanti nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi mugi kita kalebet kawula ingkang setia tuhu nuhoni darmaning kawula linangkung wonten ing purwakaning warsa lan ing sak dengah swasana. Swasana bingah utawi sisah, longgar utari rupeg, rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman.

Para sederek kaum Muslimin ingkang Minulya.

Gilir gumantosing mangsa, rinten lan dalu, mletek lan surupipun serngenge, wekdal terus lumampah mboten wonten kendelipun. Sedayanipun menika mboten lumampah piyambak, ananging tentu wonten ingkang nglampahaken, inggih saking kuasa lan kersanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Tumrap kita sageta dados tepa tulada ingkang saget nambahi kandel lan tebelipun iman kita dateng panguwaosipun Allah Ta’ala. Kados dawuhipun :


اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۙ


“Saktemene ana ing katitahe langit lan bumi, lan gilir gumantining wengi lan rina, yekti dadi tanda bukti kekuasaane Allah tumrap wong kang pada nduweni akal” (Ali Imran 190).

Wekdal ingkang tansah lumampah tanpa wonten kendelipun, saya tambah umur kita ateges saya caket dateng watesing umur ingkang sampun pinesti. Sadar utawi mboten kita sedaya punika antri tumuju garis finis, akhiring lelampah gesang kita ing ngalam donya punika. 

Pramila kangge nglajengaken pagesangan punika, tumrap kita nderek dawuh dalem Kanjeng Nabi Muhammad Saw. dateng shahabat Abi Dzarin:


جَدِّدِ السَّفِيْنَةَ فَإِنَّ اْلبَحْرَ عَمِيْقٌ، وَخُذِ الزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ، وَخَفِّفِ اْلحِمْلَ فَإِنَّ العَقَبَةُ كَئُوْدٌ، وَأَخْلِصِ اْلعَمَلَ فَإِنَّ النَاقَدَ بَصِيْرٌ


“Nganyarna sira ing prahu, sebab segara iku jero. Ngalapa sira ing sangu kang sampurna, jalaran lelakone adoh. Ngentengna sira ing gawan, jalaran dalane angel lan rumpil. Lan ngamala sira kelawan ikhlas, karana saktemene Allah banget waspada tansah niti priksa”.

Para sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Wonten ing warsa enggal punika, kita kedah gumbregah kanti semangat enggal pados sangu kanthi ngamal shalih murih ridlanipun Allah. Mekaten ugi nilar pendamel awon kanti taubat, neja nebihi mungkarot supados pikantuk pangapunten dosa lan kalepatan kita. Jalaran tiyang ingkang taubat prasasat kados mboten gadah lepat. Kados dawuh Kanjeng Nabi:

التَائبُ من الذَّنْب كَمَنْ لاَ ذَنْبَ له

“Wong kang taubat (kelawan sak temene) saka dosane mangka kaya-kaya wong mau ora nduwe dosa” (HR. Al-Baihaqi)

Para sederek Kaum muslimin ingkang minulya,

Mugi mugi Allah tansah paring pangreksa dateng kita lan sedaya keluarga kita, ngijabahi hajat panuwun kita, pinaringan pitedah lan pitulungan, rahmat lan pagesangan ingkang sae, minangka sarana anggen kita ngumawula ngibadah kanti istiqamah dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala.

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم ونفعني وإياكم بالآيآت والذكر الحكيم وتقبل الله مني ومنكم تلاوته إنه هو الغفور الرحيم

وقل رب اغفر وارحم وأنت خير الرحمين


Reference: H. Damanhuri, Nida-ul Ummah: Khutbah Jum'ah Aswaja Bhs. Jawa dan Indonesia, (Yogyakarta: PCNU Bantul, 26 Juli 2024).

Editor: bahrulhibr

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama